1. Jaka : bocah lanang sing wis diwasa durung rabi
2. Jaka jebuk : jaka sing wis tuwa
3. Dhudha : wong lanang sing wis ora dwe bojo
4. Dhudha kembang : dhudha sing sih enom durung dwe anak
5. Dhudha kawuk : dhudha sing wis tuwa
6. Dhudha bangsong : dhudha mlarat sing sugih anak
7. Dhudha kalung : dhudha sing dwe anak wadon bisa ngopeni
8. Kaki : wong lanang sing wis tuwa banget
9. Kyai : wong lanang sing di ajeni
10. Prawan : bocah wadon sing wis diwasa durung rabi
11. Prawan sunthi : prawan cilik (prawan kencur)
12. Prawan gendhor : prawan kasep
13. Randha : wong wadon sing wis ora dwe bojo
14. Randha tanggung : randha sing isih enom
15. Randha kembang : randha enom sing durung dwe anak
Wulanjar
16. Randha kisi : randha sing dwe anak lanang
17. Randha kasihan : randha mlarat anake akeh
18. Randha keringan : randha sing sugih
19. Randha menter : randha sing panggonane sarwa apik
20. Nini : wong wadon sing wis tuwa banget
21. Nyai,nyi : wong wadon sing di ajeni
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment