1. Ontang-anting : anak siji lanang
2. Unting-unting : anak siji wadon
3. Uger-uger lanang : anak loro lanang kabeh
4. Kembang : anak loro wadon kabeh
5. Cukit dulit : anak telu lanang kabeh
6. Gotong mayit : anak telu wadon kabeh
7. Saramba : anak papat lanang kabeh
8. Pandhawa : anak lima lanang kabeh
9. Sarimpi : anak papat wadon kabeh
10. Pancagati : anak lima wadon kabeh
11. Kedhana kedhini : anak loro lanang wadon
12. Sendhang kapit pancuran : anak telu lanang-wadon-lanang
13. Pancuran kapit sendhang : anak telu wadon-lanang-wadon
14. Keblat papat : anak papat lanang wadon
15. Padangan : anak limo wadon siji
16. Ipil-ipil : anak limo lanang siji
17. Kembar : anak loro lair bareng
18. Kembar gantung : bocah kembar laire sedino
19. Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng
20. Giling kacang : anake giliran lanang wadon
21. Lumpat kidang : anake okeh ora giliran lanang wadon
22. Gendhong : anak wadon sing ono tengah tengah anak lanang
23. Pathok : anak lanang sing ana tengah-tengah anak wadon
24. Grandel : anak lanang pirang-pirang sing wuragil wadon,
: utowo anak wadon pirang-pirang sing wuragil
lanang
25. Anggana : anak akeh keri siji
26. Cemani : anak ireng mulus
27. Wungle,bule : anak putih mulus
28. Gondhang kasih : anak loro beda pakulitane
29. Pambarep : anak sing nomer siji
30. penggulu : anak sing nomer loro
31. Pandhadha : anak sing nomer telu
32. sumendhi : kakang wuragil
33. Wuragil,waruju : anak sing keri dhewe
34. Yatim : bocah lair wis ora menangi bapake
35. Lola : bocah sing wis di tinggal wong tuwane
36. Lola bapa(biyung) : bocah sing wis ora dwe bapak (ibu)
37. Konduran : bocah lair sing ibune seda
38. Sumala : bocah sing cacad wiwit lair
39. Thok-ting : bocah sing lair kanti sirah cilik
40. Julung kembang : bocah lair nalika surup
41. Julung sungsang : bocah sing lair nalika bedhuk awan
42. Julung sarah : bocah sing lair ngarepke surup
43. julung caplok : bocah sing lair nalika surup
44. Margana : bocah sing lair nalika ibune lelungan
45. Wuyungan : bocah sing lair nalika perang
46. Wahana : bocah sing lair nalika ana pasamuan
47. Jempina : bocah sing lair durung cicimangsane
48. Tiba sampir : bocah sing lair kalung usus
49. Tiba angker : lair ususe nggubet gulu
50. Wungkul : bocah sing lair tanpa ari-ari
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment