1. anak ampal diarani embug-embugan
2. anak angkrang diarani kroto
3. anak asu diarani kirik
4. anak ayam(pitik) diarani kuthuk
5. anak babi diarani gembluk
6. anak bandeng diarani nener
7. anak bantheng diarani wereng
8. anak banyak diarani blengur
9. anak baya diarani rete
10. anak bebek diarani meri
11. anak bethik diarani menter
12. anak blanak diarani sendha
13. anak brati diarani tongki
14. anak budheng diarani kowe

16. anak cacing diarani lur
17. anak cecak diarani sawiyah
18. anak celeng diarani genjik
19. anak coro diarani mendhet
20. anak dara diarani piyik
21. anak dhorang diarani tamper
22. anak emprit diarani indhil
23. anak gagak diarani engkak
24. anak gajah diarani bledug
25. anak gangsir diarani clondho
26. anak garangan diarani rase
27. anak garengpung diarani drungkuk
28. anak gemak diarani drigul
29. anak glathik diarani cecrekan
30. anak gundhik diarani laron/rayap
31. anak iwak diarani beyong
32. anak jangkrik diarani gendholo
33. anak jaran diarani belo
34. anak kadhal diarani tobil
35. anak kakap diarani caplek
36. anak kalajengking diarani ketupa
37. anak kancil diarani kenthi
38. anak kebo diarani gudel
39. anak kecapung diarani jenthit
40. anak kemangga diarani ceriwi
41. anak kepik diarani mreki
42. anak kidang diarani kompreng
42. anak kimar diarani kedah
43. anak kinjeng diarani senggrutu
44. anak kinjeng dom diarani undur-undur
45. anak kintel diarani kenthus
46. anak kethek diarani munyuk/lutung
47. anak kodhok diarani precil
48. anak kombang diarani engkuk
50. anak kremi diarani racek
51. anak kucing diarani cemeng
52. anak kul keyong diarani krikik
53. anak kupu diarani uler
54, anak kura diarani laos
55. anak kutuk diarani kotesan
56. anak kwang wung diarani gendhot
57. anak laler diarani set/singgat
58. anak lamuk diarani jenthik
59. anak lawa diarani kampret
60. anak lele diarani jabrisan
61. anak lemut diarani uget-uget
62. anak lintah diarani pacet
63. anak lisang diarani beles
64. anak lodan diarani jengkelong
65. anak lutung diarani kenyung
66. anak luwak diarani kuwuk
67. anak luwing diarani gonggo
68. anak macan diarani gogor
69. anak manuk diarani piyik
70. anak menjangan diarani kompreng
71. anak menthok diarani minthi
72. anak merak diarani uncung
73. anak nyambik diarani slira
74. anak pe diarani genyong
75. anak pleting diarani jaringan
76. anak sapi diarani pedhet
77. anak sembilang diarani lenger
78. anak singa diarani dibal
79. anak tambra diarani bokol
80. anak tawon diarani gana
81. anak tekek diarani celolo
82. anak tikus diarani cindhil
83. anak tongkol diarani cengkik
84. anak tuma diarani kor

86. anak urang diarani grago
87. anak wader diarani sriwet
88. anak wagal diarani jedhil
89. anak walang diarani dhogol
90. anak warak diarani plencing
91. anak wedhus diarani cempe
92. anak welut diarani udhet
93. anak yuyu diarani beyes
No comments:
Post a Comment