
1. godhong aren diarani dliring
2. godhong asem diarani sinom
3. godhong cocor bebek diarani tiba urip
4. godhong dhadhap diarani tawa
5. godhong gedhang enom diarani pupus
6. godhong gedang tuwa diarani ujungan
7. godhong gedhang garing diarani klaras
8. godhong gebang diarani kajang
9. godhong jambe diarani pracat,dedel
10. godhong jarak diarani bledhek
11. godhong jarak kebo diarani lomah-lomeh
12. godhong jati diarani jompong
13. godhong kacang brol diarani rendeng
14. godhong kacang lanjaran diarani lembayung
15. godhong kates diarani gampleng
16. godhong kecipir diarani cethethet
17. godhong kelor diarani limaran(sewu)
18. godhong kemladheyan diarani kumuda
19. godhong kluwih diarani kleyang
20. godhong krambil enom diarani janur
No comments:
Post a Comment